Pasang Mud Guard agar lumpur tidak ke Body



Assalamu'alaikum...
Kepriwe kabare sedulur.. moga2 pada waras kabeh ya..??

Alhamdulillah kiye bisa nulis postingan sing kudua alias ke loro...
Musim udan kaya siki kiye mobil kudu tetep bersih dan kinclong... masa wis sing nduwe ra tau adus kusut acak acakan, mobile melu2 kusem kaya sing nduwe kan ora maen mbok??

Ngeneh tok waraih carane kang mbekayu... Carane ya nek mobil bara kudanen nek ora patia kotor banget cukup dilap nganggo kanebo ben banyu udane ora menimbulkan karat sing bisa ngrusak cet mobil... nek bisa usahakna di bilas nganggo banyu bersih ben banyu udane ilang...

Sing keloro nek mobil bar kudanen nganti kotor banget belet tok kaya sing nduwe ya ngesuke dicuci lah ams broww, gawa maring rega auto care ya kena nang kana nyucine lumayan bersih mas broww..

Sing ketelu aja kelalaen pasang mud guard.. alias pelindung lumpur.. kae lho sing dipasang nang mburi roda nempel body.. warna ne ireng bahane sekang plastik utawa karet nggo nahan cipratan lumpur sing sekang roda / ban ben ora langsung muncrat maring body mobil... kuwe gunane mas browww.. regane murah meriah wingi ana sing masang gone innova mung 300 ewu baen... murah mbok??

Wis disit ya mas brow wong teyenge nulis mung smemono ya dimaklumi anane kaya kue... mbo akeh slah lupute inyong njaluk pangapura ya mas broww...

Gagean maring n-three variasi purbalingga, mumpung lagi ana promo mas broew

0 komentar:

Posting Komentar